SEJARAHE AKSARA JAWI

oleh
Want create site? Find Free WordPress Themes and plugins.

Wonten ing buku HA NA CA RA KA ( ingkang dipun serat bapak Slamet Riyadi) babaripun Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta dipun andharaken manawi ngrembag sejarahipun aksara Jawi enggal ingkang ugi dipun wastani sastra SARIMBAGAN utawa CARAKAN punika mboten dipun pisahaken kaliyan rembag bab kelairan lan pandhapukipun aksara kasebat. Miturut bapak Slamet Riyadi wonten ing bukunipun ingkang isi kelairan, penyusunan, fungsi, saha maknanipun Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebat wonten konsepsi cacah kalih kagem nlusur kelairane aksara Jawi saha penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, inggih punika  ngagem konsep tradisional ugi konsep ilmiah.

ARTOS MITURUT TRADISIONAL

Adhedhasar konsepsi secara tradisional lairipun aksara Jawi dipun gathukaken kaliyan Legenda Aji Saka, cariyos-cariyos turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon saha perang tandhingipun Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakanipun Aji Saka ingkang kedahipun tansah sami dipun reksa sesarengan wonten ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada seda sampyuh ngeres-eresi.

Nalikanipun badhe angeJawi, Aji Saka ingkang dipun dherekaken para abdinipun ingkang nami Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem wonten ing pulo Majeti sawatawis dangu. Sak derengipun nerusaken lampah angeJawi, Aji Saka nilar pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, AJA PISAN-PISAN DIWENEHAKE WONG SALIYANE AJI SAKA DHEWE SING TEKA ING PULO MAJETI NJUPUK PUSAKA KASEBUT. Aji Saka lajeng nerusaken lampah dipun kanthi Duga saha Prayoga. Dene Dora saha Sembada tetep wonten pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sak sampunipun sawetawis dangu, Dora lan Sembada mireng pawarta manawi Aji Saka sampun dados ratu wonten ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada nilaraken pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh mboten purun diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora lajeng bidal wonten ing Medhangkamulan tanpa ngasta keris. Dening Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul maneka warni.

Dora kadhawuhan wangsul malih wonten ing pulo Majeti. Purun mboten purun Sembada kedah dipun ajak dateng Medhangkamulan kanthi ngasta DUWUNG ( ( ( keris pusaka ). Dora lajeng bidhal. Jalaran panggah mboten pitados dateng aturipun  si Dora, Sembada puguh mboten kersa dipun ajak amargi nuhoni dhawuhipun bendarane, saha pitados manawi Aji Saka badhe netepi janjinipun mundhut pusakane tanpa utusan. Kekalihipun sami padudon rebut leres, lajeng pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana, Dora lan Sembada sami seda sampyuh ketaman keris ingkang damel rebutan.

Sak sampunipun sawetawis dangu Dora mboten sowan malih ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka lajeng utusan Duga lan Prayoga nusul dateng pulo Majeti. Sareng dugi pulo Majeti saiba kagetipun Duga lan Prayoga mirsani Dora lan Sembada sami seda ketaman pusaka ingkang tasih tumancep wonten dhadhanipun. Sak sampunipun ngrupti layonipun Dora lan Sembada kanthi samesthinipun, Duga lan Prayoga lajeng sesarengan marak Ratu Gustinipun ngaturaken pusaka lan pawarta bab sedanipun Dora lan Sembada.

Midhanget aturipun Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumaosi kalepyan dene mboten netepi janji mundhut pribadi pusaka ingkang dipun reksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka lajeng badar aksara Jawi legena cacah kalih dasa ( 20 ) wiwit sakinng HA ngantos NGA. Mekaten aksara jawi ingkang kaserat dening Aji Saka…

HA NA CA RA KA

Ana caraka (utusan)

DA TA SA WA LA

Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA

Padha dene digdayane

MA GA BA THA NGA

Wasana padha dadi bathang

Punika kala pawartosipun miturut tradisional bab kelairan saha penyusunanipun aksara Jawi Enggal. Panci abjad aksara jawa 20 cacahipun saha dipun anggit dados sekawan larik punika, mujudaken guritan ingkang gampil dipun apalaken saha dipun eling-eling (memoteknik), mliginipun tumrap ingkang nembe wiwit sinau maos saha nyerat aksara Jawi. Abjad ingkang kados guritan saha dipun gathukaken kaliyan legenda Aji Saka kala wau sansaya narik kawigaten lajeng dipun kantheni gambar padudon, perang tanding saha seda sampyuhipun Dora lan Sembada.

ARTOS MITURUT ILMIAH

Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sak derengipun piyayi-piyayi India angeJawi, piyayi Jawi dereng nggadahi aksara. Basa pasamuwanipun namung ngginakaken basa lesan. Kanthi wontenipun aksara ingkang dipun asta saking India kasebat sekedik mboko sethidhik basa tinulis wiwit dipun ginakaken. Panci aksara mboten namung dados piranti komunikasi sarana tulisan, nanging langkung saking punika aksara ugi dados ukuran luhuripun budaya ingkang ndarbeni aksara kasebut. Peradaban ingkang sampun ngginakaken basa tinulis kanyatan langkung luhur tinimbang ingkang mboten/dereng angghadahi aksara.

Miturut CASPARIS, salebeting sejarah peradaban etnik Jawi, tulisan ingkang paling sepuh dipun temokaken awujud prasasti kanthi ngginakaken aksara Pallawa, nuduhaken tandha wekdal sadurengipun taun 700 Masehi. Sadurungipun punika  etnis Jawi namung ngginakaken basa lesan. Sak sampunipun dipun panggihaken sawetawis prasasti sanesipun, sekedkik mbaka sekedihik dipun tindakaken studi paleografi (ilmu kangem nyinaoni aksara kuna).

Miturut studi paleografi ingkang dipun tindakaken Casparis, wonten gangsa lurutan aksara Jawi. Urutan kapisan (aksara Pallawa) dening bapak Atmodjo dipun perang malih dados kalih. Kanthi mekaten sedaya wonten nem urutan, inggih punika :

1. AKSARA PALLAWA TATARAN WIWITAN, dipun ginakaken sak derungipun taun 700 M. Contonipun tinemu wonten ing PRASASTI TUGU wonten ing Bogor.

2. AKSARA PALLAWA TATARAN PUNGKASAN, dipun ginakakenwonten ing abad VII saha tengahan abad VIII. Tinemu wonten ing PRASASTI CANGGAL wonten ing Kedu, Magelang.

3. Aksara Jawi kuna kawitan, dipun ginakaken taun 750-925 M, contonipun tinemu wonten ing PRASASTI POLENGAN wonten ing Kalasan, Yogyakarta.

4. Aksara Jawi kuna tataran pungkasan, dipun ginakaken taun 925-1250 M, tinemu wonten ing PRASASTI AIRLANGGA.

5. Aksara Majapahit, dipun ginakaken wonten ing taun 1250-1450 M. tinemu wonten ing PRASASTI SINGOSARI saha Malang, sarta wonten ing Lontar (ron tal) KUNJARAKARNA.

6. Aksara Jawi anyar, dipun ginakaken taun 1500 M ngantos sak punika. Tinemu wonten ing KITAB BONANG saha buku-buku sak sampunipun punika.

Lair saha ngrembaka aksara Jawi raket sesambunganipun kaliyan lair saha ngrembakane basa Jawi. Aksara Jawi anyar lair sawetawis basa Jawi anyar digunakaken kanthi resmi ing sajroning pamarentahan, sak mboten-mbotenipun wiwit taun 1500 M. Wekdal kasebat punjeripun pamarentahan ing Jawiwonten ing tlatah kraton Demak. Mila wonten ingkang kagungan pemanggih manawi aksara Jawi anyar wiwit digunakaken kanthi resmi nalika jaman kraton Demak. Pinemu punika dipun sengkuyung  antawiyispun kaliyan bukti awujud naskah kanthi tulisan aksara Jawi anyar inggih punika KITAB BONANG.  ( kaserat dening Supriyanto S.pd

Did you find apk for android? You can find new Free Android Games and apps.